Kamis, 09 April 2015

Iyan, apa gunane?


Iyan        : A. Mburi                              B. Ngarep
Sugeng siang para kadang mitra, ing postingan iki arep dikenalke piranti tradhisional jawa kang diarani iyan utawa ana kang ngarani iyan ilir.
Iyan yaiku piranti kang digawe saka iratan pring kang dinam (Indonesia:dianyam). Gunane iyan kanggo ngadahahi sega kang lagi dikebruk saka kukusan. Sega kebrukan kang diwadhahi iyan biasane sega kang akeh kang didang nganggo kukusan wedok kang gedhe.
Biasane kang nggunakne iyan iku wong adang panggonane wong duwe gawe mantu, sunatan lan liya liyane.
Ing ngisor iki diaturne gambar iyan. Gandheng wis arang banget ditemoni iyan gambar iki dudu foto asline iyan nanging gambar rékan utawa athikan utawa digawe penulis dhewe. 
Amarga iyan iku amba (Indonesia:luas), sega kang wis dikêbruk banjur dipênaki utawa digolongi pisan ana iyan.
Iyan kanggo wadhah sega
Iyan bagean mburi
Saiki piranti iki wis arang banget ditemoni ing bebrayan agung jawa dhewe. Malahan wong duwe gawe wae wis arang-arang nganggo iyan minangka wadhah kanggo ngebruk sega.

Gambar iyan iki ing wikimedia.org:
  1. https://commons.wikimedia.org/wiki/File:Iyan_untuk_menampung_nasi.jpg
  2. https://commons.wikimedia.org/wiki/File:IYAN3.jpg



Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Mangga atur pangalembana menapa dene panyaruwe...