Jumat, 03 April 2015

Irus, piranti kanggo nyidhuk jangan

Irus, piranti kanggo nyidhuk jangan
Ora beda karo piranti modheren irus iku piranti kang gunane kanggo nyidhuk jangan (Indonesia:sayur). Bedane irus modheren digawe saka alumunium nanging irus kang dicritakne ing kene yaiku irus tradhisional kang digawe saka bathok kelapa diwenehi garan saka pring utawa kayu. Garan irus ana kang cendhak uga ana kang dawa miturut kebutuhane.


Jaman semana, yen bocah-bocah SD diwenehi tugas nggawe prakarya saka Bapa utawa Ibu Gurune, akeh-akehe padha nggawe irus.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Mangga atur pangalembana menapa dene panyaruwe...