Jumat, 03 April 2015

Siwur, apa gunane?

Siwur
Siwur yaiku piranti kang digawe saka bathok kelapa kang wujude kaya dene beruk nanging diwenehi garan. Siwur gunane kanggo nyidhuk banyu, utamane banyu kang jero umpamane banyu ing jero genthong utawa belik kang jero. Amarga gunane kanggo nydhuk banyu kang jero dununge, mula kabeh siwur garane mesthi dawa.


Jaman saiki wis ora pati ana bebrayan jawa dhewe kang nggunaake siwur jalaran wis ana siwur utawa cidhuk banyu (Indonesia:gayung) kang digawe saka plastik. Sejene regane murah golek-golekane uga gampang. Meh angger toko ana.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Mangga atur pangalembana menapa dene panyaruwe...