Sabtu, 30 Maret 2019

KLENTHING, piranti kanggo ngapa?

ngudi_kawruh_jawi  Para sedulur, ketemu maneh ing posting kawruh jawi. Kalodhangan ini bakal diposting babagan KLENTHING. 
Ing jaman saiki, kaya-kaya wis langka banget barang iki sanadyan ana karang padesan pisan
Klenthing yaiku piranti kang digawe saka lemah (gerabah) kang gunane kanggo ngangsu banyu (ana sing mastani kanggo amek banyu).
Setitekno gambar ing ngisor iki.
Klenthing

Ngangsu
Ing karang padesan jaman semana klenthing minangka piranti amek banyu kang penting. Meh kabeh bale somah duwe klenthing. Amarga ora saben omah duwe sumur, apa maneh banyu ledheng (PDAM). Mula yen golek banyu kudu menyang sumure tanggane utawa sendhang.

Semene dhisik, muga-muga ana gunane.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Mangga atur pangalembana menapa dene panyaruwe...