Rabu, 27 Maret 2019

GENTHONG, piranti kanggo ngapa ya?

Kadang Ngudi Kawruh Jawi, yen pira-pira piranti saka pring  lan bathok kelapa wis di jelasne ing blog iki, samengko bakal di jelasne piranti masak saka lemah liyane sawise anglo yaiku GENTHONG.

Genthong yaiku piranti bale somahe wong Jawa kang gunane kanggo wadhah banyu. Ora kaya jaman saiki,banyu kanggo keperluan masak utawa liyane wis bisa teka ngomah dhewe jalaran disedhot nganggo pompa banyu apa dene saka PDAM. Jaman semana banyu kudu digoleki menyang sumur utawa sendhang kang lumrahe adoh saka ngomah. Sawise ketemu sumur utawa sendhang banyu dicidhuki terus di wadhahi klenthing. Digawa menyang ngomah kanthi diindhit. Sawise teka ngmah, banyu diwadhahi genthong. Kanggo ngebaki genthong, kuda bola-bali anggone njupuk banyu (ngangsu).

Genthong saka lemah
Genthong kanggo wadhah banyu

Biasane genthong didokokne ana dhapur amarga nalika masak mesthi butuh banyu.
Jaman saiki akeh genthong naging ora digawe saka lemah ananging saka plastik

Genthong saka plastik
Semene dhisik kang bisa diaturne, muga-muga ana gunane.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Mangga atur pangalembana menapa dene panyaruwe...