Kaligrafi semar kang angka 4, kang angel banget diwaca, iki duwe werdi mangkene:
Bojo sira arsa mardi kamardikan, ajwa samar sumingkiring dur-kamurkan:
Tegese mangkene : Kang sinebut “mardika” ing kene yaiku mardikane
jiwa lan raga, kang ora dijajah dening hawa nepsu lan kadonyan supaya besuk yen
wis teka titi wanci marak sowan marang ngarsane Gusti Kang Murbeng Dumadi wis
ora kakehan dosa.
Priyayi jawa kang sejati menawa ngresiki
jiwane duwe falsafah ”ora kabanda ing kadonyan, ora samar marang bisane
sirna durka murkamu” kang tegese
sajroning ndadar budi pekerti kanti temen-temen bakal bisa ngendhaleni lan nggawa
hawa nepsu dadi kasantosan/kekuatan tumuju
ksampurnaning urip.
Kanggo mirsani piye werdine saber-saben kaligrafi ing dhuwur bisa dipilih link ing ngisor iki.
Kanggo mirsani piye werdine saber-saben kaligrafi ing dhuwur bisa dipilih link ing ngisor iki.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
Mangga atur pangalembana menapa dene panyaruwe...