Manawa
dipirsani kanthi permati, kaligrafi semar iki ngemu surasa mangkene:
1.Sugih tanpa bandha
2.Ngluruk tanpa bala3.Menang tanpa ngasorake
4.Surodira jayaningrat lebur dening pangastuti
5.Sekti tanpa aji
6.Digdaya tanpa japa
7.Sentosa tanpa mantra
Ewadene
werdine kurang luwih mangkeke:
1. Sugih Tanpa Bandha
(Bahasa Indonesia : kaya
tanpa harta.)
Tegese,
kang sinebut sejatining sugih iku ora dumunung ing akehe bandha donya. Naging sugih
kang sejati iku manggone ana ing ati kang teteg, tatag, sabar sarta narima ing
pandum. Jroning ati mung tansah sumarah mring ngarsane Gusti Kang Akarya Jagad.
Ora nggrangsang, ora nggragas, ora sulap marang kahanan donya kang edi peni.
Ora
susah ngenteni sugih bandha donya nembe arep aweh marang liyan. Amarga nalika tenaga
utawa pikiran kita dibutuhne dening wong liya ing kono batin kita rumangsa
sugih. Mulane kita kudu ngaturake panuwun
mring Gusti Allah kang wis paring “keluwihan” satemah bisa nandur kabecikan
marang liyan.
2. Ngluruk Tanpa Bala
(Bahasa Indonesia :
mendatangi musuh tanpa bala tentara)
Tegese,
wong urip iku duwea watak satriya. Wani amarga bener, wedi amarga salah, wani
tanggung jawab marang sakabehing tumindake. Wani mbelani perkara kang bener sajan
mung dhwekan.
3. Menang Tanpa Ngasorake
(Bahasa Indonesia :
menang tanpa harus mengalahkan orang lain)
Dadiya
wong kang bisa tumindak wicaksana. Nalika ngrampungake perkara bisa tumindak
adil ora emban cinde emban siladan, satemah para-para kang duwe perkara bisa
rumangsa marem ora runtik penggalihe. Semono uga menawa kita dhewe ana pihak
kang bener, aja nganti duwe patrap kumalungkung lan sombong, nanging kudu bisa
ngemong siji lan sijine wekasane bisa dadi becik sakabehe.
4. Suradira Jayaningrat Lebur Dening Pangastuti
Ukara
ing dhuwur sawijing ukara “ungkapan” basa jawa kang lumrah dipirsani dening sapa wae. Ukara iku ngemu surasa menawa sakabehing
tumindak ala, angkara murka, nerak paugeran agama, paugeran pamarintah,
paugeran bebrayan agung mesti bakal dikalahake utawa dilebur dening pamuji,
pangalem, pangabekti, panembah, sabar lan sumarang mring Gusiti Kang Murbeng
Dumadi.
5. Sekti Tanpa Aji,
Digdaya Tanpa Japa, Sentosa Tanpa Mantra.
Telu-teluning
ukara ing dhuwur duwe teges kang padha. Sekti duwe teges digdaya uga sentsa,
dene aji duwe teges kang meh padha karo japa mantra. Mung bedane menawa aji
utawa uga diarani aji-aji bisa arupa barang utawa senjata, dene japa mantra
arupa donga utawa rapal kang diucapke nalika arep digunakne.
Dene
werdine kurang luwih mangkene, sekti, digdaya uga sentosa kang sejati yaiku
nalika kita ora duwe musuh, ora tau nglarani penggalihe liyan, tansah tepa
slira, andhap asor. Amarga senjata, aji lan japa mantra kang sejati yaiku “tresna
sejati” lan “sejatine tresna” satemah ora ana alesan kang arupa apa wae wong
liya bakal ora seneng marang kita. Sifate tresna kang sejati iku mutlak ora
pilih-pilih. Kabeh titahe Gusti Allah
duwe hak entuk katresnan kang sejati mau.
Tresna sejati bisa ndadekake kita wong kang mardika kang bisa tentrem (uripe aman, kepenak lair batin), ayem (ora kagodha mobah musiking
kahanan) lan lerem (ngeningake
pikiran)
Kanggo mirsani piye werdine saber-saben kaligrafi ing dhuwur bisa dipilih link ing ngisor iki.
Kanggo mirsani piye werdine saber-saben kaligrafi ing dhuwur bisa dipilih link ing ngisor iki.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
Mangga atur pangalembana menapa dene panyaruwe...