Badhe ndherek sinau babagan kawruh jawa. Mbok bilih kathah klenta-klentuning atur keparenga nyuwun agunging samudra pangaksami

Werdine Kaligrafi Tulisan Jawa Semar Nomer 3

 on Senin, 23 Maret 2015  

Kaligrafi semar kang nomer 3 iki bakal dijlentrehne kanthi gambar semar kang diwenehi werna beda. Werna kang beda iku nuduhake ukara kang nembe dijelaske. Gambar-gambar lan saperangan penjelasan iki dijupuk saka www.kompasiana.com saka seratane Philipus Dellian Agus Raharjo. Dene gambar kaligrafi semar iku karyane Soenarto Timoer. 

Saukara mbaka saukara werdine mangkene:
ha-na-ca-ra-ka
Aksara jawa kang diwernani biru unine hananing cipta rasa karsa.  Ukara mau duwe teges menawa manungsa iku sajroning urip lan panguripan wis kinodrat dijangkepi  daya cipta, rasa lan karsa kanggo nggayuh kasampunaning urip

da-ta-sa-wa-la
Ukara kang diwenehi werna biru unine “datasalah wahyaning lampah”  tegese menawa  daya cipta, rasa lan karsa kang ana ing dhuwur diwenehake manungsa supaya menungsa ora kesasar sajroning lelumban ing madyaning bebrayan agung.

pa-dha-ja-ya-nya
Ukara kang diwenehi werna biru unine " padhang jagadé yèn nyumurupana" . Sadurunge dijlentrehne, mangga dipirsani gambar sabanjure amarga ana sambung rapete.

ma-ga-ba-tha-nga

Ukara kang diwenehi werna biru unine "marang gambaraning bathara ngaton"".

Ukara loro mau nembe bisa dijlentrehne menawa digandheng dadi siji kaya mangkene padhang jagadé yèn nyumurupana marang gambaraning bathara ngaton" . Dene tegese menungsa bakal slamet menawa wis ngrumangsani kepentingane sapadhaning urip yaiku menungsa lan jagad saisine minagka karyane Gusti Kang Murbeng Dumadi












Kanggo mirsani piye werdine saber-saben kaligrafi ing dhuwur bisa dipilih link  ing ngisor iki.
 




Werdine Kaligrafi Tulisan Jawa Semar Nomer 3 4.5 5 Blog SMPN 2 Jumantono Senin, 23 Maret 2015 Kaligrafi semar kang nomer 3 iki bakal dijlentrehne kanthi gambar semar kang diwenehi werna beda. Werna kang beda iku nuduhake ukara kan...


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Mangga atur pangalembana menapa dene panyaruwe...