Siwur |
Siwur yaiku piranti kang digawe saka
bathok kelapa kang wujude kaya dene beruk nanging diwenehi garan. Siwur gunane
kanggo nyidhuk banyu, utamane banyu kang jero umpamane banyu ing jero genthong
utawa belik kang jero. Amarga gunane kanggo nydhuk banyu kang jero dununge,
mula kabeh siwur garane mesthi dawa.
Jaman saiki wis ora pati ana
bebrayan jawa dhewe kang nggunaake siwur jalaran wis ana siwur utawa cidhuk
banyu (Indonesia:gayung) kang digawe
saka plastik. Sejene regane murah golek-golekane uga gampang. Meh angger toko
ana.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
Mangga atur pangalembana menapa dene panyaruwe...