Badhe ndherek sinau babagan kawruh jawa. Mbok bilih kathah klenta-klentuning atur keparenga nyuwun agunging samudra pangaksami

Sapa Sejatine Semar Iku?

 on Sabtu, 28 Maret 2015  

Bathara Semar
Ing jagad pewayangan, Semar uga diarani Maya utawa Ismaya. Maya utawa Ismaya tegese cahya kang wernane ireng. Warna ireng agawe samubarang dadi ora cetha utawa samar.

Kang ana sejatine ora ana
Kang satemene ana, sejatine dudu
Kang dudu dikira iya
Kang wanter (bersemangat) atine ilang kewanterane jalaran wedi menawa kleru

Semar iku putrane Sang Hyang Wisesa, dheweke diwenehi aji-aji mustika manik astagina kang duwe daya kawijayan cacah 8 (wolu) yaiku:
  1. Ora tau luwe
  2. Ora tau ngantuk
  3. Ora tau olah asmara (jatuh cinta)
  4. Ora tau sedhih
  5. Ora tau krasa kesel
  6. Ora tau lara
  7. Ora tau kepanasen
  8. Ora tau kadhemen.
Sakabehing daya mau ditaleni ana ing embun-embun utawa kuncung. 

Semar Utawa Ismaya diwenehi gelar Batara Semar, Batara Ismaya, Batara Iswara, Batara Samara, Sanghyang Jagad Wungku, Sanghyang Jatiwasesa, Sanghyang Suryakanta. Dheweke diprentah nguwasani alam Sunyaruri utawa jagad kosong, lan ora dikeparengake nguwasani menungsa ing alam donya.

Ing alam Sunyaruri, bathara Semar dijodhokne karo Dewi Sanggani putri saka Sanghyang Henong. Saka jejodhohane sak kloron lair putra cacah 10 (sepuluh) yaiku : (1) Bathara Wungkuam utawa Sanghyang Bongkokan, (2) Bathara Siwah, (3) Bathara Wrahaspati, (4) Bathara Yamadipati, (5) Bathara Surya, (6) Bathara Candra, (7) Bathara Kwera, (8) Bathara Tamburu, (9) Bathara Kamajaya lan (10) Dewi Sarmanasiti.

Putra pambarep kang aran Bathara Wungkuam utawa Bathara Bongkokan kagungan putra cebol. Ipel-ipel tur ireng. Anak mau diwenehi jejuluk Semarasanta lan diprentah mudhun menyang ngarca pada, manggon ing padhepokan Pujangkara. Seamarasanta di tugaske ngewula marang Resi Kanumanasa ing Pertapan Sapta Arga.

Kacarita praptane Semarasanta ing Pertapan Sapta Arga, kawiwitan nalika Semarasanta dioyak-oyak macan cacah loro, dheweke mlayu nganti Pertapan Sapta Arga lan ditulungi dening Resi Kamunanasa. Macan cacah loro mau diruwat dening sang Resi Kamunanasa banjur malih wujude dadi wanita sulistya ing warna cacah loro.  Kang mijil sepuh aran Dewi Kanestren dene kang timur aran Dewi Retnawati. Dewi Kanestren digarwa dening Semarasanta, dene Dewi Retnawati kagarwa dening Resi Kamunanasa. Wiwit kedadeyan mau Semarasanta ngabdi marang Resi ing Sapta Arga lan jejuluk Janggan Semarasanta.

Minangkan abdi utawa pamong Semarasanta setya tuhu karo bendarane. Dheweke tansah ngaturi bendarane supaya laku prihatin kanthi nyirik, ndonga, ngurangi sare lan tapa brata supaya pikantuk kamulyan saka Gusti. Akeh pamrayoga lan pitutur urip kang tumuju marang kautaman den wisikake dening abdi iki. Satemah namung Resi, Pandhita, utawa Satriya yang kuat nglakoni lelaku prihatin, ora gampang pasrah, menep atine, lan lelaku kang mulya kang kuat didhereki dening Janggan Semarasanta.

Bisa diarani menawa Janggan Semarasanta iku satemene rahmate Gusti kang disingitake. Ing ragane Samarasanta iku disingitake rahmate Gusti Kang Murbeng Dumadi. Sapa kang kuat didhereki (diemong)  dening Janggan Semarasanta uripe bakal mulya tentrem lair lan batin. Ing jadad pewayangan Resi, Pendhita utawa Satriya kang kuat didhereki (diemong) dening Janggan Semarasanta ana pitu (7)  yaiku : (1) Resi Manumanasa nganti enem trunan, (2) Sakri, (3) Sekutrem, (4) Palasara, (5) Abiyasa, (6) Puntadewa lan (7) Arjuna.

Menawa Janggan Semarasanta nembe duka marang para Dewa dheweke katitisan dening Eyange yaiku Bathara Semar. Yen sinawang mata, Semarasanta iku menungsa kang elek tur ireng, nanging satemene sajroning Janggan Semarasanta ana pribadine dewa yaiku Bathara Semar utawa Bathara Ismaya.

Amarga Bathara Semar ora dikeprengake nguwasani alam donya, mula panjenengane nganggo badan wadhage Janggan Semarasanta minangka sarana manitis (manggon lan nyawiji), satemah jeneng Semarasanta dadi arang disebut, dheweke luwih kawentar jejuluk Semar.
Kaya kang wis ditulis ana dhuwur manawa Semar utawa Ismaya iku samubarang kang durung cetha isih lamat-lamat.

Kang ana iku Semarasanta, nanging satemene semarasanta iku ora ana. Kang sateme ana iku Bathara Semar, nanging dheweke kasunyatane dudu Bathara Semar. Dheweke manungsa cebol, kulite ireng kang jejuluk Semarasanta. Pacen bener, dheweke iku Semarasanta, nanging apa kang ditindakake dening Semarasanta dudu mligi karepe dheweke nanging ing kono ana Bathara Semar utawa Bathara Ismaya.

Satemene wis yakin yen iku Semarasanta, nanging banjur malih keyakinane menawa iku Bathara Semar, banjur ora sida yakin maneh amarga wedi kleru utawa salah. Yaiku samubarang kang durung cetha durung jelas, isih diSAMARke, banjur digambarake nganggo paraga Semar

SEMAR iku sawijining wewadi saka Gusti Kang Akarya Jagad. Wewadi mau bakal disingitake marang wong kang adigang, adigung adiguna, ora becik tumindake, naning bakal dibeberake marng wong kang  sabar, luhur bebudene, tulus, menep atine. Sabanjure wong kang kadunungan Sang SEMAR uripe bakal nemoni seneng, tenterm, mulya kang langgeng.


Sumber : 
https://kariyan.wordpress.com/siapa-semar
http://njowo.wikia.com/wiki/Semar
http://nguri-uri12.blogspot.com/



Sapa Sejatine Semar Iku? 4.5 5 Blog SMPN 2 Jumantono Sabtu, 28 Maret 2015 Bathara Semar Ing jagad pewayangan, Semar uga diarani Maya utawa Ismaya. Maya utawa Ismaya tegese cahya kang wernane ireng. Warna ire...


5 komentar:

  1. apa wae kang asring diucapake semar kanggo petuah? Monggo pinarak wonten blog wong JAWA. (Wilujeng dalu pak R. Widayat) salam bocah patihan lor pasar krumpyung.

    BalasHapus
    Balasan
    1. Matur nuwun Pak Agus Sisyanto, slam ugi saking cah Mlati, ngisor Margabaya....
      Panci kasinggihan, menawi ngoceki babagan SEMAR mboten wonten telasipiun...
      Matur Nuwun sampun rawuh wonten Blog kula.... Kula sampun nate sowan dhateng blog uwong JAWA ugi..

      Hapus
  2. Bocah-bocah jaman sak menika kados-kados sampun boten remen babagan kejawen (kawruh jawi). Napa nggih badhe kedadosan "Wong Jawa Ilang Jawane". Menika ingkang nggugah kula damel blog uwong JAWA.

    BalasHapus
  3. Mugi-mugi boten kadadosan wong Jawa padha ilang Jawane, buktinipun sanadyan mboten sedaya, taksih kawula mudha ingkang sami ngudi babagan kawruh jawa. Lha kawula

    BalasHapus
  4. Lha kawula mudha menika ingkang dipun ajeng-ajeng badhe nguri-uri kabudayan jawi ing tembe wingkingipun..

    BalasHapus

Mangga atur pangalembana menapa dene panyaruwe...