Badhe ndherek sinau babagan kawruh jawa. Mbok bilih kathah klenta-klentuning atur keparenga nyuwun agunging samudra pangaksami

Kukusan, piranti kanggo ngapa?

 on Senin, 06 April 2015  

Kukusan yaiku piranti kang digawe saka iratan pring kang dinam (Indonesia:dianyam). Wujude kaya kerucut utawa kaya tumpeng. Bagean pucuke bolong-bolong, gunane supaya sumupe banyu (uap) bisa mlebu ngeneki beras kang dikukus. Gunane pancen pas karo jenenge yaiku kanggo ngukus utawa adang. Carane, kukusan ditumpangne dandang banjur diwenehi nyaton, tujuane supaya sega utawa apa wae sing dikukus ora kacelup ing banyu wantu dandang. Jinising kukusan ana loro (2) yaiku kukusan lanang  lan  kukusan wedok. Kukusan wedok luwih dawa tinimbang kukusan lanang.

Kukusan Wedok

Kukusan Lanang

1. Kukusan, enthong, nyaton. 2,3  Kukusan temumpang dandang
Jaman saiki wis jarang wong nggunakne kukusan. Amarga saiki wis ana dandang kang digawe saka alumunium, banjur kukusane nganggo sarangan kang uga digawe saka alumunium. Dandang iki ora susah nganggo nyaton.
Kukusan, piranti kanggo ngapa? 4.5 5 Blog SMPN 2 Jumantono Senin, 06 April 2015 Kukusan yaiku piranti kang digawe saka iratan pring kang dinam ( Indonesia:dianyam) . Wujude kaya kerucut utawa kaya tumpeng. Bagean p...


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Mangga atur pangalembana menapa dene panyaruwe...