Badhe ndherek sinau babagan kawruh jawa. Mbok bilih kathah klenta-klentuning atur keparenga nyuwun agunging samudra pangaksami

ANGLO, apa gunane, kepriye wujude?

 on Selasa, 26 Maret 2019  

Piranti masak priyayi Jawa kang seje karo kang wis diposting ing kalodhangan kepungkur, ana maneh piranti masak priyayi jawa kang diarani ANGLO.
Anglo yaiku piranti masak kang digawe saka lemah. Mula bisa diarani gerabah. Anglo digunakne kanthi urup-urup saka areng. Bisa areng kayu utawa kang luwih apik maneh areng saka bathok kelapa/krambil. Gatekna kanthi permati gambar ngisor iki.
Wektu saiki wis arang bale somah kang migunakne anglo kanggo masak. nanging para pedhagang dhaharan mateng isih ana kang padha migunakne. Contone pedhagang mi godhok lan mi goreng. Para pedhagang mau isih nganggo anglo amarga miturut dheweke (jarene) masakane bisa dadi krasa luwih sedhep lan mirasa.
ANGLO, apa gunane, kepriye wujude? 4.5 5 Blog SMPN 2 Jumantono Selasa, 26 Maret 2019 Piranti masak priyayi Jawa kang seje karo kang wis di posting  ing kalodhangan kepungkur, ana maneh piranti masak priyayi jawa kang diaran...


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Mangga atur pangalembana menapa dene panyaruwe...