Tumrap wong kang ora pana (mudheng) ing babagan filsafat, mligine filsafat jawa, (tanpa beda karo sing nulis iki) yen nyawang kaligrafi tulisan jawa semar, di kira ya mung hasil anggitane seniman kang ngangkat aksara jawa digawe kaligrafi. Iku kang angka siji, ewadene kang angka loro, kaligrafi tulisan jawa semar kang sumebar ing ngendi papan iku dikira padha wae tanpa ana bedane.
Nanging tibake penyana kang kaya mangkono mau ora trep. Kasunyatane, kaligrafi tulisan jawa semar kang wis dingerteni dening bebrayan agung jawa, jinise ora mung siji. Lan saben sawiji ngemu falsafah jawa adi luhung kang beda.
Ing kalodhangan iki kula minangka panyerat blog iki badhe nyobi ngaturake saperangan kaligrafi tulisan jawa semar komplit karo tegese katur para pamaos. Nanging jaragan lagi tataran sinau mula mbok menawa wae kurang mranani ing penggalih para pamaos kabeh nyuwun agunging samodra pangaksami. Sukur-sukur pamaos kersa ngleresake mbok menawa akeh kang ora trep.
Ana 4 (papat) kaligrafi tulisan jawa semar kang bakal diaturne ana kene. Andharan kang badhe kaaturake kapethik saka maneka warna sumber kang akeh-akehe diserat nganggo basa Indonesia. Ing blog iki idhep-idhep ngiras-ngirus gegladhen basa jawa, mula arep diaturne nganggo basa Jawa. Ora ketang mrica kecut, sauni-unine.
Papat kaligrafi tulisan jawa semar kang dikarepne, bisa dipirsani ing ngisor iki:
Kanggo mirsani piye werdine saber-saben kaligrafi ing dhuwur bisa dipilih link ing ngisor iki.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
Mangga atur pangalembana menapa dene panyaruwe...