Badhe ndherek sinau babagan kawruh jawa. Mbok bilih kathah klenta-klentuning atur keparenga nyuwun agunging samudra pangaksami

Werdine Kaligrafi Tulisan Jawa Semar Nomer 2

 on Senin, 23 Maret 2015  

Coba dipirsani kanthi teliti. Tulisan kaligrafi semar ing sisih kiwa iku ngemu semboyan (ukara cekak sing didadekake tuntunan) kang karipta dening tokoh pendidikan nasional Ki Hajar Hewantara utawa RM. Suwardi Suryaningrat kang wis misuwur saindenging nuswantara yaiku “ Ing Ngarsa Sung Tuladha, Ing Madya Mangun Karsa, Tut Wuri Handayani".
Sabanjure kanthi lumakuning jaman semboyan mau ora mung ditrepne ana ing jagading pendidikan Indonesia nanging malah ditrepne ana ing jagading Kepemimpinan Nasional Indonesia
Mbaka sawiji werdine semboyan mau kaya mangkene:

Ing ngarsa sung tuladha.

Falsafah iki duwe teges wong kang dadi pangarsa utawa pemimpin kudu bisa dadi lan menehi tuladha marang kawulane. Sawijining pemimpin kudu bisa dadi panutan tumrap kawulane. Ing kene kawula ora mung nggatekne tingkah lakune pemimpin nanging uga lambe ati lan pakarti. Lan kang uga wigati, sawijining pemimpin utawa pangarsa kudu wani ngorbanke kepentingan pribadi kanggo kepentinga umum. Mula ora entheng sanggane wong dadi pemimpin satemah ora saben wong bisa dadi pemimpin.
Ana ing jagading pawiyatan utawa pendidikan, sawijining guru kudu bisa dadi tepa tuladha kanggo para siswane. Samubarang obah mosiking guru tansah digatekne para siswa. Mulane guru kudu bisa dadi panutan kang becik.

Ing madya mangun karsa

Tegese, sawijining pemimpin kudu bisa ngadeg ana tengah-tengahing kawulane saperlu menehi kekuatan lan semangat satemah para kawula bisa makarya kanthi setiti, becik, lila legawa, lair batin tanpa ana kang rumangsa kabotan apa maneh nggresula.
Sejene iku, pemimpin kang wis ngadeg ing satengahing kawulane, kudu bisa niti-niti apa wae kang dibutuhne kawulane. Yen wis ngono, banjur ngupadi cara piye supaya bisa nyembadani lan nyukupi kebutuhan mau dimen kawulane tetep bisa makarya kanthi pecik,titis, setiti lan ngati-ati.
Ing jagading pasinaon, guru kudu bisa nuwuhake krenteg lan greged sianu marang para siswane. Yen greged sianu mau wis metu saka diri pribadine para siswa mula sinau bakal dadi pakaryan kang pokok tumrap para siswa. Ora usah ndadak nganggo diuyak-uyak, dikandhani saben dina.

Tut Wuri Handayani

Tegese falsafah iki, sawijing pemimpin kudu bisa menehi daya kekuatan marang kawulane. Dene daya kekuatan kang dikarepake yaiku arupa pitutuh, pitutur uga pangalembana kang migunani kanggo pandam pandoming kawula kang arep makarya.
Semono uga ing jagad piwulangan, sawijining dwija kuda bisa menehi daya kekuatan lair batin marang siswane satemah para siswa bisa gumregah anggayuh apa kang dadi kekarepane.












Kanggo mirsani piye werdine saber-saben kaligrafi ing dhuwur bisa dipilih link  ing ngisor iki.
 




Werdine Kaligrafi Tulisan Jawa Semar Nomer 2 4.5 5 Blog SMPN 2 Jumantono Senin, 23 Maret 2015 Coba dipirsani kanthi teliti. Tulisan kaligrafi semar ing sisih kiwa iku ngemu semboyan (ukara cekak sing didadekake tuntunan) kang kari...


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Mangga atur pangalembana menapa dene panyaruwe...