Badhe ndherek sinau babagan kawruh jawa. Mbok bilih kathah klenta-klentuning atur keparenga nyuwun agunging samudra pangaksami

Beruk, piranti kanggo ngapa?

 on Jumat, 03 April 2015  

Para mitra, akeh tembung Jawa sing saiki wis arang-arang keprungu. Gandheng wis arang-arang keprungu kala-kala ndadekake salah tampa apa dene salah pangerten tumrap wong sing ngrungokake apa dene sing maca.
Tuladhane tembung kang arep kajlentrehake ing tulisan iki yaiku “beruk”.  Beruk iku bisa duweni teges sawijing kewan jinis munyuk utawa kethek. Ana salah sawijining papan, beruk bisa dilatih ngopek klapa utawa krambil.
Beruk kang lagi ngopek klapa
Nanging seje karo beruk kang bakal dicritaake ing kene. Beruk kang bakal kacritaake ing kene yaiku sawijing piranti kanggo naker. Dene barang kang ditaker biasane beras, wosen (kacang, jagung, canthel wosen) apa dene glepung gaplek.
Beruk digawe saka bathok klapa kang wis tuwa. Carane nggawe, klapa kang wis tuwa dionceki sepete, diresiki nganti ketok bathoke banjur ing bagean dhuwur dipotong sethihik. Sawise dipotong krambil kang ana njero dikerok nganti resik banjur dipepe nganti garing.
Carane gawe beruk,
Sawise dipotong bagean ndhuwur, klapane banjur dikerok
Minangka piranti kanggo naker, beruk duwe ukuran kang udakara meh padha (Indonesia:setara) karo bobot 800 gram
Nganti kira-kita tahun 1970-an kadang mitra Jawa isih nggunaake beruk iki minangka takeran beras. Amarga jaman semana isih arang-arang ana timbangan apa maneh ing padesan. Sejene iku timbangan redane isih larang. Mula yen tuku beras ana pasar nakere nganggo beruk.
Gandheng beruk digawe saka bathok klapa mula gedhene ora padha (seragam). Mula yeng tuku beras 5 beruk saka mbok Nyata isine ora padha karo tuku beras 5 beruk saka mbok Naya. Regane ya rada ana bedane.
Sejene iku, kala-kala ana bakul kang nakal. Nalika naker beras nganggo beruk, tangane melu njagani beras. Tujuane arepo beras katon munjung-munjung nanging bareng disuntak. Tangan bakule diculne, beras sebageyan utah menyang wadhae mbok bakul maneh.
Beruk piranti kanggo naker beras
Uga ana kang nalika naker, driji jempole dilebokne menyang jero beruk, pamrihe sanajan ketok munjung nanging isine isih diewangi driji jempol.
Yen wong Jawa ngendika “nempur”, iku karepe tuku beras dudu tuku liyane. Dadi tembung mau ora trep menawa digandheng karo tembung liya upamane nempu klapa, nempur klambi apadene nempur gula. Mula nalika semana yen arep tuku beras 15 beruk tembunge mangkene, “Aku arep menyang pasar nempur beras 15 beruk”

Mangga asesanti “ Tetep Jaya Indonesiaku.....!!!!”

Kasambung piranti kang seje.
Beruk, piranti kanggo ngapa? 4.5 5 Blog SMPN 2 Jumantono Jumat, 03 April 2015 Para mitra, akeh tembung Jawa sing saiki wis arang-arang keprungu. Gandheng wis arang-arang keprungu kala-kala ndadekake salah tampa ap...


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Mangga atur pangalembana menapa dene panyaruwe...