Senin, 23 Maret 2015

Werdine Kaligrafi Tulisan Jawa Semar Nomer 4


Kaligrafi semar kang angka 4, kang angel banget diwaca, iki duwe werdi mangkene:

Bojo sira arsa mardi kamardikan, ajwa samar sumingkiring dur-kamurkan:

Tegese mangkene : Kang sinebut “mardika” ing kene yaiku mardikane jiwa lan raga, kang ora dijajah dening hawa nepsu lan kadonyan supaya besuk yen wis teka titi wanci marak sowan marang ngarsane Gusti Kang Murbeng Dumadi wis ora kakehan dosa.
Priyayi jawa kang sejati menawa ngresiki jiwane duwe falsafah ora kabanda ing kadonyan, ora samar marang bisane sirna durka murkamu”  kang tegese sajroning ndadar budi pekerti kanti temen-temen bakal bisa ngendhaleni lan nggawa hawa nepsu dadi kasantosan/kekuatan tumuju  ksampurnaning urip.













Kanggo mirsani piye werdine saber-saben kaligrafi ing dhuwur bisa dipilih link  ing ngisor iki.
 




Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Mangga atur pangalembana menapa dene panyaruwe...