Badhe ndherek sinau babagan kawruh jawa. Mbok bilih kathah klenta-klentuning atur keparenga nyuwun agunging samudra pangaksami

Nyaton, apa gunane nyaton?

 on Jumat, 03 April 2015  


Ngudi Kawruh Jawi  Nyaton yaiku piranti kang digawe saka bathok kelapa. Miturut  wikitionary basa jawa nyaton yaiku bathok lsp. kang didokok mêngkurêp ing kukusan. Wujude bathok setengah klapa utuh kang dibolongi. Carane nganggo, nyaton dilebokne mêngkurêp ana njero kukusan (piranti kanggo adang utawa ngukus sega) mengkurep. Gunane kanggo mbatesi antarane beras kang dikukus karo banyu wantu kang ana ing jero dandang supaya beras ora kecelup banyu.



Wektu saiki nyaton wis arang banget digunakne dening bebrayan Jawa amarga wis ana piranti adang kang digawe saka alumunium kang diarani dandang sabruk. Malah-malah wis ana kang nganggo listrik barang, kang diarani magic com utara rice cooker. Marakne piranti tradhisional kaya nyaton iki wis dilalekake karo priyayi jawa dhewe.

Apa maneh para mudha kang lair ing jaman modheren, wis ora kenal babar pisan.
Nyaton, apa gunane nyaton? 4.5 5 Blog SMPN 2 Jumantono Jumat, 03 April 2015 Ngudi Kawruh Jawi   Nyaton yaiku piranti kang digawe saka bathok kelapa. Miturut  wikitionary basa jawa  nyaton yaiku bathok lsp. kang d...


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Mangga atur pangalembana menapa dene panyaruwe...