Badhe ndherek sinau babagan kawruh jawa. Mbok bilih kathah klenta-klentuning atur keparenga nyuwun agunging samudra pangaksami

Tampah, digawe saka apa?

 on Senin, 06 April 2015  

Tampah iku piranti kang digawe saka pring. Dene gunane kanggo napeni utawa nginteri beras utawa gabah.  Jaman biyen tampah minangka piranti kang pokok mungguhing wong tani kanggo nggulawenthah kasil panen kang arupa gabah. Wiwit saka ngresiki gabah saka resake, nganti ngresiki beras saka kulite apa dene katule sawise ditutu utawa disosoh.
 
Tampah
Nanging tampah uga bisa kanggo wadhah apa wae. Mbok bakul jajanan ndhasarake dagangane diwenehne tampah. Nalika wong Jawa ngadani bancakan utawa slametan biasane tumpeng-tumpeng kang kanggo bancakan uga diwadhahi tampah lan isih akeh maneh gunane tampah.
Gunane Tampah

Tampah, digawe saka apa? 4.5 5 Blog SMPN 2 Jumantono Senin, 06 April 2015 Tampah iku piranti kang digawe saka pring. Dene gunane kanggo napeni utawa nginteri beras utawa gabah.  Jaman biyen tampah minangka pirant...


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Mangga atur pangalembana menapa dene panyaruwe...