Ing ombaking jaman, boten kirang-kirang
tuladha patrap lan tumindhakipun para janma cidra ingkang sarwi “grusa-grusu”
anggege mangsa wusananipun nemahi memala. Sansaya tuwuh sumrambah budi
candhala, keplantrang saking “kawruh laku urip” jawa, nguja karep lajeng
kapentog dening ukum. Kaleresan kula [K] kepanggih mbah Mo [M] lan mbah Tun
[T], ingkang nembe damel grabah lan lajeng kula suwuni pirsa:
[K]: Kenging napa ta mbah, sansaya
kathah para priyagung ingkang ketingalipun lanthip winasis nanging lajeng cidra
wusanane nemahi memala?
[M]: Jare sapa lanthip winasis? Kuwi ngono jenenge ora eling, ngangsa-angsa ora
bisa njaga ati. Yektine ukuran lanthip lan winasis wong jawa iku manggon ing
atine, ya ing dayane cipta, budi lan rasa. Nadyan wong sudra yen bisa lerem
nata ati lan tumindhak sawang sinawang kuwi jenenge lanthip winasis, ngono.
[T]: Ngger putuku, yen sliramu takon apa sababe, jawabe ya saka atine kang ora
bisa lerem sarwa sasar-susur tumindake. Uripe ora jenjem ayom ayem, kaya
piwulang: “Bantalan kencana rukmi nendra mosak-masik, bantalan kerdus turu
nglepus”, ngono kae.
[M]: Ngertia ya le, urubing urip kang aris kuwi mesthine ya kudu bisa lerem.
Leremna atimu, elinga marang Gustimu, aja grusa-grusu deksia marang wektu. Jer
kuwi kabeh wus dadi pepesthen welas sihing Gusti kang yekti ora nate sare.
[K]: Lha gandhengane kaliyan sawang sinawang niku pripun?
[K]: Lha gandhengane kaliyan sawang sinawang niku pripun?
[M]: Yen kowe lila nyawang liyan leganana disawang liyan sarta nyawanga diri
pribadimu dewe kanthi waskithaning driya. Mula aja kongsi kandheg ing
panyawang, merga bisa dadi woting memala lan panggoda anggonmu nggayuh
kamulyan.
[T]: Den waspada lan elinga yen Gustimu wus paring welas mepaki isining jagad
kang bisa nglantarake manungsa urip marang kamulyan lan kapitunan. Jer kamulyan
lan kapitunan iku manggon ing lungiting kalbumu dewe-dewe. Dak-tembangke
Kinanthi saka Serat Wedhatama yasan KGPAA Mangkunegara IV pupuh V Kinanthi pada
83 lan 88, ya ngger...
|| Mangka kanthining tumuwuh | salami mung awas eling | eling lukitaning
alam | dadi wiryaning dumadi | supadi nir ing sangsaya | yeku pangreksaning
urip ||
Padahal bekal hidup, selamanya
waspada dan ingat, Ingat akan pertanda yang ada di alam ini, Menjadi
kekuatannya asal-usul, supaya lepas dari sengsara. Begitulah memelihara hidup.
(Serat Wedhatama, Pupuh Kinanthi, pada
1, KGPAA Mangkunegara IV)
|| Sirnakna semanging kalbu | den waspada ing pangeksi | yeku dalaning kasidan
| sinuda saka sethithik | pamothahing nafsu hawa | linalantih mamrih titih ||
Sirnakan keraguan hati, waspadalah terhadap pandanganmu, Itulah caranya berhasil, Kurangilah sedikit
demi sedikit godaan hawa nafsu, Latihlah agar terlatih.
(Serat Wedhatama, Pupuh Kinanthi, pada 6, KGPAA Mangkunegara IV)
Saking : Bapa Eko W. Suwardyono
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
Mangga atur pangalembana menapa dene panyaruwe...