Sampun
kawuningan, ing jaman kabebasan tanpa warana kados sapunika gampil sanget para
priyagung kicalan empan papaning pangucap lan raos-pangraos anebihi sipat mikul
dhuwur mendhem jero. Patrap punika malah kasengkuyung “media sosial”
ingkang tumusipun sarwi mbingungaken para kawula alit, pundi pawartos
ingkang leres pundi ingkang sisip sembir sarta ala lan becikipun. Kaleresan
kula [K] kepanggih mbah Mo [M] lan mbah Tun [T], ingkang lajeng kula suwuni
pirsa:
[K]: Mbah, ing jaman sarwi ngeblak tanpa aling-aling nebihi empan
pangucap lan pangrasa, pripun supados para kawula saged kalis ing sambekala?
[M]: Wong sing kaladuk nyepelekake empaning urip tanpa aling-aling iku
nyata wis kelangan budi lan rasa ora bisa milah daya ilining banyu uripe dewe.
Semono uga wong sing bingung keplantrang pangertene merga wis kataman wisaning empaning
urip. Ya kaya kowe kuwi, lee..!
[T]: Hehe.. aja serik atimu ya ngger, karepe mbahmu lanang iku mung atur
pepenget supaya sliramu tansah ngener lan ngerti dununge ala lan becik lumantar
pangerten daya ilining banyu panguripan kuwi. Lire, aja nganti slirane gampang
mlebu ing wuwu, ngger.
[K]: Nggih boten napa, mbah. Dados kula ampun ngantos gampil keli mlebet
wuwuning urip, nanging tansah saged laku becik, ta. Njur pangerten daya iline
banyu urip niku pripun, mbah?
[M]: Urip iku butuh daya iline banyu urip. Yen kowe bisa ngilekke banyu
urip marang kabecikan, patrap alamu bakal kasatan ora kailenan banyu lan
sabanjure mati garing, ninggal kabecikan.
[T]: Ngger.. Sejatine ilining banyu urip iku tansah ngerah kang becik,
kang ala banjur kekurangan banyu lan empane, suwe-suwe mati. Kang tininggal
mung dayaning urip luhur tumus ing karahayon.
[K]: Oo.. lha pripun carane ngilekke dayane banyu urip, mbah?
[M]: Ya mung yen kowe dewe bisa niteni lan prayitna sajroning lakumu
ngendi sing ala ngendi sing becik, sabanjure dadi jejere tekad anggonmu temen
tumemen nglakoni kabecikan, ngono!!
[T]: Sareh ya ngger, daktembangke sekar alit Pucung saka Serat Wulang Reh anggitane Sri Pakubuwana IV, pupuh IX Pucung pada 17-22, ya ngger:
[T]: Sareh ya ngger, daktembangke sekar alit Pucung saka Serat Wulang Reh anggitane Sri Pakubuwana IV, pupuh IX Pucung pada 17-22, ya ngger:
17
Caritané ala bêcik
dipun ênut, nuli rasa kêna, carita kang muni tulis, dèn karasa kang bêcik si ra
a- nggawa.
18
Ingkang ala rasakena dadi luput, supaya tyasira, wêruh ing ala lan bêcik,
ingkang bêcik wiwitané kawruhana.
19
Wong kang laku mangkono wiwitanipun, bêcik wêkasannya, wong laku mangkono ugi ing
wêkasanipun têka dadi ala.
20
Ing sabarang prakaran dipun kadulu, wiwit wêkasannya, bênêr luput dèn atiti,
ana bêcik wêkasané dadi ala.
21
Dipun wêruh iya ing kawulanipun, lan wêkasanira, puniku poma dèn ana, ala dadi
bêcik ing wêkasanira.
22
Ewuh têmên babo wong urip puniku, apan nora kêna, kinira-kira ing budi, arang
mantêp wasisé basa raharja.
Saking : Eko W.
Suwardyono
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
Mangga atur pangalembana menapa dene panyaruwe...