Badhe ndherek sinau babagan kawruh jawa. Mbok bilih kathah klenta-klentuning atur keparenga nyuwun agunging samudra pangaksami

Petangan Dinten

 on Minggu, 08 Mei 2016  

Jaman samangke kathah tiyang jawi ingkang boten pana ing babagan petangan dinten. Boten kemawon para mudha, tiyang sepuh ugi makaten, kathah ingkang boten pana. Ing kang mangka menika budaya kita tiyang Jawi ingkang sakalanngkung adi luhung. Menawi bangsa manca kemawon sami remen nggilut ing babagan kabudayan Jaw, kening manapa kita  malah nilaraken, malah rumaos kaliyan budaya manca. Menapa menika boten kuwalik-walik?
Wonten ing seratan menika sakedhik gethok tular ngelmu babagan dinten ing budaya Jawi.

Setu dugi setu malih niku nami SEMINGGU
Pahing dugi pahing malih niku nami SEPASAR
Setu pahing dugi setu pahing malih niku nami SELAPAN

29 Rejeb, Setu Pahing dugi 29 Rejeb Setu Pahing malih niku naminipun (SE)TUMBUK. 
Selapan namung perlu 35 dinten, lha menawi tumbuk niku betah wekdal setunggal windu (8 warsa). Lha estunipun perayaan kelahiranipun tiyang jawi niku ukuranipun sanes tahun kados ingkang mratah, nanging estunipun perayaan kelahiranipun tiyang jawi niku dipun pengeti saben sak tumbuk (8 tahun) sepindah. umpami njenengan niku lahir 29 Rejeb, Setu Pahing, perayaan kelhiranipun nggih mangkih yen mpun dugi 29 Rejeb Setu Pahing malih, kedah nengga sak windu. Lha yen panjenengan saget awet urip saget ngantos ketemu tumbuk ingkang kaping 8, niku nami panjenengan kepanggih ingkang sinebat TUMBUK AGENG. Yen panjenengan ketemu kalian tumbuk gedhe njenengan niku teges njenengan pun umur 64 tahun

Petangan saking : Hasmara Ningtyas
Petangan Dinten 4.5 5 Blog SMPN 2 Jumantono Minggu, 08 Mei 2016 Jaman samangke kathah tiyang jawi ingkang boten pana ing babagan petangan dinten. Boten kemawon para mudha, tiyang sepuh ugi makaten, kath...


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Mangga atur pangalembana menapa dene panyaruwe...